KEPILUT AYUNE
Ing
sawijining dina Prastawa dongkol atine, amarga olehe njaring iwak ono ing
segoro ora akeh mbludag loyo sing dikarepake. Prastawa gaweane saben dinane
njaring iwak ono ing satengahe segoro kang ngadepi ombak sing gedhe lan ganas.
Deweke nyangking ember sing isine iwak nanging mung sethithik, Prastawa kanti
rasa sing dongkol ning atine, ember iku mau diuncalke wae. Banjur, deweke mlebu
ing dapur karep pengen mangan, amarga saka bengi nganti temekan esuk deweke
durung kelebon sega.
Prastawa: “Duhh Gusti, kula kesel sanget “,(lungguh kursi kanti
rasa dongkol lan kesel karo mbukak tutup sega, menawa ono panganan sing bisa
dipangan esuk iki).
Simbok: “Wah le, wis bali ya kowe ?” (simbok kaya ora padane uwong
kang kasusahan, moro ning Prastawa putrane sing dibangga-banggake seprono
seprene. Simbok ngumbar sumeh).
Prastawa: “Inggih Mbok, nanging kula mboten angsal ulam ingkang
kathah Mbok. Menika nembe mboten mujur, rejekinipun mboten gelem moro.”
Simbok: “Sing sabar ya le, rejeki kuwi ora ajeg le. Disyukuri wae le
, apa anane ora susah nggresula ngunu kuwi le” (lungguh ning andinge Prastawa,
karo ngelus-ngelus awake Prastawa, menehi pitutur marang Prastawa babagan sabar
nglakoni urip sing rekasa ning donya).
Prastawa: “Inggih Mbok, nanging kula menika sampun kesel sanget
Mbok, seprono seprene kula dereng saged damel remen Simbok. Kula nggih mboten
kepenak dhateng Simbok.”
Simbok: “Iya le, Simbok mangerteni apa sing tok rasakake. Nanging, tetep
percaya marang Gusti Allah kang Maha Kuasa le, Gusti ora sare.”
Prastawa: ”Inggih Mbok. Matur nuwun, Simbok taseh gelem menehi kula
pitutur dhumateng kula.”
Simbok: “Iya le, simbok mung bisa menehi pitutur lan donga marang
kowe. Mugo-mugo uripmu mbesuk bakal luwih apik le.”
Prastawa: “Amin, maturnuwun Mbok.”
Simbok: “Iyo le, pada-pada. Wis, saiki kowe mangan disik ya le,
kowe saka mau bengi ya durung mangan ta?” (mlaku nuju lemari sing biasane
kanggo ngrumat panganan, karep njupukake panganan kanggo Prastawa).
Prastawa
banjur mangan pangan sing uwis disuguhakake Simbok. Atine Prastawa lega banget,
amarga deweke ora usah khawatir meneh wetenge ngelih ora kelebon panganan saka
mau bengi. Sakwise mangan Prastawa banjur lunga menyang alas , golek pakan
rajakaya sing cacahe papat ono ing kandang lan golek kayu kanggo daden geni
masak. Saben dinane Prastawa mung oleh duwit saka anggone njaring iwak ing
tengah segara. Dadi deweke kalebu uwong kang kurang srawung karo uwong
liya-liyane , apa meneh marang uwong wadon. Prastawa, siji-siji wong wadong ora
ana sing dimangerteni.
Nalika
wayah wengi Prastawa ngelamun ana ing emperan omahe, deweke mikir kepiye carane
gawe seneng atine simbok lan deweke bisa urip kepenak. Rasane kaya diiris-iris
atine Pratawa yen kelingan kabeh kahanane saiki sing dilakoni.
Prastawa: “Gusti, kepripun kula menika anggenipun damel Simbok
kulan remen atine lan urip kula kaliyan Simbok kepenak,makmur, lan makmur???”
(gemrunungane Prastawa kanti nyawang lintang sing nyemunar lan ombak kang
suarane kaya nyeret barang-barang sing abot).
Simbok: “Le, kok malah ana njobo ta le? Uwis wengi lho iki, ayo
ndang gek menyang njero” (pintu dibuka, gawe kagete Pratawa nalika pikirane
uwis tekan adoh banget)
Prastawa: “Inggih Mbok, menika nggih sampun ajeng mlebet. Mangga
mbok.”
Prastawa
banjur nata serban sing dadi kesenengan saben bengi kanggo turu deweke. Deweke
tetep duweni rasa syukur marang gusti, arepo serban sing diduweni ora apik kaya
sing diduweni para priyayi. Sadurunge mapan turu, Prastawa ora ngasi lali donga
marang Gusti, supaya deweke bisa dadi uwong kang becik lan bisa dadi panutan
kabeh uwong.
Kaget
banget Prastawa, dumadakan deweke ana ing nduwur watu sing ana satengahe segara
lan barat sing gedhe dibarengi udan. Rasa bingung lan wedi ning njero atine
Prastawa. Bingung kudu kepiye lan wedi mengko yen deweke bakal kepapa-kenapa.
Lawana: “Mas..Mas Prastawa!!!” (namung suara sing alus nanging
mantep banget dirungokake ning kuping , nanging wujude ora ana).
Prastawa: “Inggih...inggih..sinten nggih menika, wonten kersa
menapa dhumateng kula. Kula nyuwun pangapunten, yen kula ing mriki ganggu
panjenengan”, (anggone Prastawa njaluk pangapura marang suara wadon sing
ngundang-ngundang Prastawa iku mau).
Lawana: “Ora Mas Prastawa, panjenengan mboten duweni kaluputan. Ora
susah panjenegan njaluk pangapura marang aku.”
Dumakan
, cahyo kang endah nyulapake mripat njedhul saka njero tirta segara kang
nduweni ombak gedhe. Cahyo iku moro menyang cedake Prastawa, lan menehi pitutur
marang Prastawa.
Lawana:
“Mas Prastawa, kenapa awak mu susah sing kaya mengkunu?”
Prastawa: “Kula, mboten saged urip ingkang makmur Nyai, kula
kepingin sanget urip makmur saged damel remen atinipun simbok kang kula sanget
katresnani. Nanging, nyatane kula mboten saged kados menapa ingkang kula
karepake.”
Lawana: “Sampun Kangmas Prastawa, panjenengan mboten susah makaten.
Kula saged pambiyantu panjenengan.”
Prastawa
pasuryane dumakan dadi sumringah lan semunu uga atine melu sneng banget ,
amarga krungu sing di kandakake Lawana.
Prastawa:
“Wahh..menapa menika Nyai? Nanging kula dereng tepang kaliyan panjengan. Nuwun
sewu, sinten naminipun panjengan menika?”
Lawana:
“Pangapunten Mas, panjenengan mboten perlu mangertosi sinten kula menika. Sing
becik, kula saged pambiyantu penjenengan.”
Prastawa:
“Menapa panjenengan mesti saged pambiyantu kaliyan kula Nyai?”
Lawana:
“Percaya marang aku Kangmas Prastawa, nanging wonten saratipun. Panjenengan
kudu bisa nyanggupi sarat-sarat sing tak wenehake marang panjenengan.”
Prastawa:
“Kula kedah kepripun Nyai? Ampun abot-abot nggih Nyai.”
Lawana:
“mboten abot kok Mas, panjenengan namung kedah dados garwanipun sawijining wong
wadon sing bakal moro ing ngarsanipun panjengan mangke. Ampun nganti,
panjenengan tolak, amarga bahaya sanget yen wong wadon menka wau panjengan
tolak. Panjengan mboten saged uri[p makmur lan mulya. Panjengengan kedah janji
mboten bakal nolak wong wadon menika Mas, janji....mas....janji mboten
nolak...”
Suara
lan cahyo iku soyo suwe soyo kabur lan ilang , suarane katon soyo ngadoh lan
ora cetha dirungokake. Prastawa bingung lan rasa sing ora kepenak amarga urung
rampung deweke bakal takon-takon marang Nyai Lawana sing awujud cahyo lan swara
iku.
Prastawa:
“Nyai..nyai...ampun lunga rumiyin Nyaiii.....Nyaiii,...!!!”
Prastawa
tangi saka anggone turu , deweke sadar iku mau sing wes dilakoni Prastawa mung ngimpi ing sakjerone turu. Kanti ati
kang dredeg lan pengen magerteni ngimpi mau bener opo mung impen sing gawe
kembang turu.
Prastawa
banjur menyang sumur, deweke njupuk banyu wudhu lan langsung sholat wengi seng
di tindakake kanthi kushyuk. Prastawa kalebu uwong kang tunduk marang
ngarsanipun Gusti Kang Maha Kuasa. Sregep banget deweke anggone nindakake
ibadah, Prastawa sadar menawa sregep ngibadah bisa gawe lancar kabeh anggone
makarya lan golek rejeki. Simbok uga saben wektu ngandani Prastawa kudu eling
marang Gusti Allah sing ngayomi para kawulane.
Suara
manuk pateng cemruit, Prastawa banjur
tangi saka deweke turu. Prastawa langsung menyang dapur karep nggodhok banyu
kanggo gawe wedang esuk iki, kaya adate Prastawa sing ngrampungi gawean ngomah
karep mbiyantu kanggo Simbok sing nduweni umur ora enom meneh, tenagane Simbok
uga uwis ora bisa diandalake.
Simbok:
“Prastawa, le tole???” (simbok ngundang Prstawa sing lagi resik-resik teras
omah).
Prastawa:
“Inggih, wonten menapa Mbok?”(Prastawa banjur nyander Simbok, sing nembe
lenggah ing kursi teras omah).
Simbok:
“Kapan anggonmu budal njaring iwak le?”
Prastawa:
“Sekedap malih Mbok, pripun nggih Mbok?” (pitakone Prastawa sing kanti pengen
ngerti apa sing bakal diaturake Simbok).
Simbok:
“Mangkene lho le, Simbok iki uwis tuwa, wes wangun yen ngemban putu. Simbok
kepingin banget ngemban putu lan kepingin banget nduweni mantu kang bekti
marang maratuwane.”
Ing
njero atine Prastawa uga kepingin banget sesandhingan karo sawijining bocah
wadon sing kaya dikarepake Simbok. Nanging deweke ora mangerti babar pisan,
kepiye carane anggone bisa sesandhingan karo uwong wadon lan bisa nduweni
kulawarga kang sakinah mawadah warohmah.
Prastawa:
“Kula nyuwun pangapunten dhateng Simbok, amargi kula dereng saged dados sing
Simbok karepaken. Kula janji yen sampun dugi wektune kula bakal damel Simbok
remen lan makmur.”
Simbok:
“Amin le, mugo-mugo dikabulake karo Gusti Allah panjalukanmu. Simbok mung bisa
dedonga kowe le. Kowe anak ku lanang siji-sijine sing banget tak tresnani.”
Prastawa
banjur siap mangkat anggone arep njaring iwak menyang segara. Sadurunge
mangkat, Prastawa ora lali pamitan Simbok nyuwun donga pangestu , kanggo
kelancaran anggone golek rejeki.
Nalika
Prastawa njaringi iwak Prastawa kaget ana iwak sing wujude ora podho kaya iwak
liyane. Prastawa penasaran banget, iwak iku mau di selehake wadah liya, karep
aja ngasi melu di dol neng pasar.
Sawise
saka njaring iwak lan saka pasar, prastawa banjur bali menyang omahe, deweke
kepingin banget masak iwak sing mau digowo. Tekan ngomah Prastawa langsung nuju
menyang dapur lan nyepakake bumbu-bumbu kanggo masak iwak. Nanging nalika
Prastawa arep ngiris-ngiris iwak iku mau, deweke ngrasa ora tegel yen bakal
dimasak. Iwak ora sido dimasak malah dijegurake ning toples bening karep iwak
iku bakal di ingu.
Prastawa
rodo dongkol atine, deweke dina iki durung masak lan panganan ing meja durung
cemepak. Deweke khawatir amarga sedelo meneh Simbok bali saka kebon. Prastawa
krasa kesel awake banjur deweke mapan turu ing lincak teras omahe.
Dumadakan
iwak ing toples njelma dadi wong wadon sing ayu banget kanti pakaian kan
gembebyar kaya emas kabeh. Wong wadon iku jenenge Lawan sing pernah teka ing
ngimpine Prastawa. Lawana banjur masak sak okehe karep gawe Prastawa seneng lan
bisa cukup kanggo mangan Prastawa lan simbok.
Sawise
masakan uwis cemepak ing meja, Lawana banjur njelma dadi iwak emas meneh lan
mlebu ing toples. Simbok sing saka kebon rasane ngelih banget, magerteni pangan
sing uwis cemepak ing meja langsung didhahar tanpa nggugah Prastawa lan takon
marang Prastawa.
Sawise
Simbok rampung sing dhahar, prastawa digugah Simbok. Prastawa kaget nalika
digugah Simbok, deweke langsung kelingan yen deweke durung masak apa-apa
nanging simbok uwis bali.
Simbok:”Ana
apa to le, kok kaya bingung , pangapurane Simbok yen anggone nggugah kowe gawe
kowe kaget.”
Prastawa:
“Mboten Mbok, kula wau dereng masak menapa-menapa, nanging kula malah tilem
Mbok.”
Simbok:”Durung
masak kepiye to le? Wong Simbok bali panganan kang enak-enak uwis cemepak ing
meja, Simbok seneng banget. Alhamdulillah, kowe oleh rejeki kang okeh, dadi
bisa masak sak okehe kaya mangkunu le. Saiki kowe gek mangan le, kowe ya durung
mangan to?”
Prastawa:
“Nanging Mbok, kula menika dereng damel dhaharan. Sinten nggih sing masak? Kula
mboten rumangsa Mbok.”
Simbok:
“Uwis le, ora susah mikir-mikir meneh. Gek kono kowe mangan disek, wes ngelih
lho le wetengmu kuwi.”
Kanti
rasa penasaran, Prastawa mlayu menyang dapur lan panganan sing akeh lan
enak-enak uwis cemepak ana ing meja. Kaget banget Prastawa, tanpa mikir dawa
meneh, deweke sing saka esuk mau durung mangan, langsung disrobot.
Sawise
mangan Prastawa menyang pinggir segara , kaya biasane deweke ana ning perahu
lan dandani jaring sing rusak-rusak kanggo njaring iwak-iwak ing segara.
Nanging nalika Prastawa lagi penak-penake dandani jaring iwak, deweke digawe
kaget marang wanita sing marani Prastawa.
Lawana:
“Mas, mas Prastawa. Kulanuwun mas!”
Prastawa:
“Inggih mbak. Lho, panjenengan sinten ? Kok panjenengan mangertosi nami kula?”
Lawana:
“Kula tiyang anyar ing desa Pandanwangi kene mas? Kala wingi kula sampun
mangertosi panjenengan , lan kula takon marang warga mriki.”
Prastawa;
“Makaten nggih mbak, pantes kula mboten mangertosi panjenengan. Nuwun sewu nami
panjenengan sinten mbak?”
Lawana:
“Nami kula Lawana mas.”
Prastawa:
“Wah....nami panjenengan endah sanget, kados tiyange.”
Lawana:
“Panjenengan menika lho, kula namung tiyang biasa kados tiyang-tiyang sanes.”
Prastawa:
“Kula mboten ngapusi mbak. Panjenengan ayu lan marake ati kula seneng.”
Lawana:
“Panjengan menika lho mas, mboten usah ngalem nganti kado makaten sanget Mas.
Kula namung wanita biasa kados tiyang sanes menika Mas. Nggih sampun Mas
Prastawa, kula menika badhe bidhal rumiyin dhateng warung Mas.”
Pratawa:
“Oo, nggih Mbak, sumangga. Kula inggih badhe mbenahi jaring menika. Yen, Mbak
Lawana badhe moro dhateng griya kula, panjengan mampir mawon , griya kula
namung celak mriku Mbak.”
Lawana:
“Inggih Mas. Kapan-kapan kula badhe dolan dhateng ndalem panjenengan.”
Lawana
banjur lunga ninggalake Prastawa, amarga Lawan duweni perlu karo sedulure sing
omahe ana ing desa sebelah.
Sawijining
dina lawana moro menyang omahe Prastawa lan ketemu karo ibune Prastawa.
Prastawa sing sejatine duweni rasa tresna marang Lawana sing uwis mantep
banget, Prastawa banjur nembung marang ibune yen pengen bebrayan karo Lawana.
Setahun
kepungkur, anggone Lawana lan Prastawa bebrayan katon mulya lan tentrem.
Prastawa lan Lawana kanugrahan putra , nambah katentreman keluargane Prastawa.
Nanging,
Prastawa sawijining dina ngrasa jengkel atine, amarga anggone gegolekan iwak
neng segara ora oleh akeh. Saking mangkele Prastawa, deweke muring-muring
marang anake sing dina kuwi uga lagi rewel. Prastawa banjur ngucapake pantangan
sing diomongake karo Lawana sadurunge deweke bebrayan karo Prastawa.
Prastawa:
“Kowe aja gawe muringe bapak le, bapak lagi emosi lan jengkel, golek rezeki ora
oleh saka mau esuk. Kowe malah rewel koyo ngunu, bola bali o nek kowe ki mung
anak iwak !”
Lawana:
“Duh..Gusti! Mas Prastawa, panjenengan menika sampun lali kaliyan janji
panjengan , ucapan menika ampun ngantos panjenengan ucapaken, menika bakal gawe
bebaya sing ageng dhateng kula lan panjengan Mas.”
Prastawa:
“Aduh..iya Dek aku pancen luput. Pangapurane sing gedhe marang aku Dek.”
Lawana:
“Ora bisa Mas, aku lan anak ku bakal dadi iwak sing ora bakal bisa bali marang
panjenengan. Wes Mas, saniki kula badhe enggal-enggal bidhal dhateng segara.
Kula nyuwun pangapunten dhateng panjenengan Mas, yen kula kathah lepat.”
Prastawa:
“Lawana, Lawana , aja ninggalake aku Lawana. Sing gedhe pangapuramu Lawana.”
Lawana
karo anak e banjur njegur ing segara lan wujude uwis dadi iwak, Prastawa mung
bisa nangis lan getun marang kabeh kelakuane sing ora bener mung waton ngucap
sak geleme dewe.