Rabu, 27 April 2016

cerita jawa dialog

KEPILUT AYUNE
Ing sawijining dina Prastawa dongkol atine, amarga olehe njaring iwak ono ing segoro ora akeh mbludag loyo sing dikarepake. Prastawa gaweane saben dinane njaring iwak ono ing satengahe segoro kang ngadepi ombak sing gedhe lan ganas. Deweke nyangking ember sing isine iwak nanging mung sethithik, Prastawa kanti rasa sing dongkol ning atine, ember iku mau diuncalke wae. Banjur, deweke mlebu ing dapur karep pengen mangan, amarga saka bengi nganti temekan esuk deweke durung kelebon sega.
Prastawa: “Duhh Gusti, kula kesel sanget “,(lungguh kursi kanti rasa dongkol lan kesel karo mbukak tutup sega, menawa ono panganan sing bisa dipangan esuk iki).
Simbok: “Wah le, wis bali ya kowe ?” (simbok kaya ora padane uwong kang kasusahan, moro ning Prastawa putrane sing dibangga-banggake seprono seprene. Simbok ngumbar sumeh).
Prastawa: “Inggih Mbok, nanging kula mboten angsal ulam ingkang kathah Mbok. Menika nembe mboten mujur, rejekinipun mboten gelem moro.”
Simbok: “Sing sabar ya le, rejeki kuwi ora ajeg le. Disyukuri wae le , apa anane ora susah nggresula ngunu kuwi le” (lungguh ning andinge Prastawa, karo ngelus-ngelus awake Prastawa, menehi pitutur marang Prastawa babagan sabar nglakoni urip sing rekasa ning donya).
Prastawa: “Inggih Mbok, nanging kula menika sampun kesel sanget Mbok, seprono seprene kula dereng saged damel remen Simbok. Kula nggih mboten kepenak dhateng Simbok.”
Simbok: “Iya le, Simbok mangerteni apa sing tok rasakake. Nanging, tetep percaya marang Gusti Allah kang Maha Kuasa le, Gusti ora sare.”
Prastawa: ”Inggih Mbok. Matur nuwun, Simbok taseh gelem menehi kula pitutur dhumateng kula.”
Simbok: “Iya le, simbok mung bisa menehi pitutur lan donga marang kowe. Mugo-mugo uripmu mbesuk bakal luwih apik le.”
Prastawa: “Amin, maturnuwun Mbok.”
Simbok: “Iyo le, pada-pada. Wis, saiki kowe mangan disik ya le, kowe saka mau bengi ya durung mangan ta?” (mlaku nuju lemari sing biasane kanggo ngrumat panganan, karep njupukake panganan kanggo Prastawa).
Prastawa banjur mangan pangan sing uwis disuguhakake Simbok. Atine Prastawa lega banget, amarga deweke ora usah khawatir meneh wetenge ngelih ora kelebon panganan saka mau bengi. Sakwise mangan Prastawa banjur lunga menyang alas , golek pakan rajakaya sing cacahe papat ono ing kandang lan golek kayu kanggo daden geni masak. Saben dinane Prastawa mung oleh duwit saka anggone njaring iwak ing tengah segara. Dadi deweke kalebu uwong kang kurang srawung karo uwong liya-liyane , apa meneh marang uwong wadon. Prastawa, siji-siji wong wadong ora ana sing dimangerteni.
Nalika wayah wengi Prastawa ngelamun ana ing emperan omahe, deweke mikir kepiye carane gawe seneng atine simbok lan deweke bisa urip kepenak. Rasane kaya diiris-iris atine Pratawa yen kelingan kabeh kahanane saiki sing dilakoni.
Prastawa: “Gusti, kepripun kula menika anggenipun damel Simbok kulan remen atine lan urip kula kaliyan Simbok kepenak,makmur, lan makmur???” (gemrunungane Prastawa kanti nyawang lintang sing nyemunar lan ombak kang suarane kaya nyeret barang-barang sing abot).
Simbok: “Le, kok malah ana njobo ta le? Uwis wengi lho iki, ayo ndang gek menyang njero” (pintu dibuka, gawe kagete Pratawa nalika pikirane uwis tekan adoh banget)
Prastawa: “Inggih Mbok, menika nggih sampun ajeng mlebet. Mangga mbok.”
Prastawa banjur nata serban sing dadi kesenengan saben bengi kanggo turu deweke. Deweke tetep duweni rasa syukur marang gusti, arepo serban sing diduweni ora apik kaya sing diduweni para priyayi. Sadurunge mapan turu, Prastawa ora ngasi lali donga marang Gusti, supaya deweke bisa dadi uwong kang becik lan bisa dadi panutan kabeh uwong.
Kaget banget Prastawa, dumadakan deweke ana ing nduwur watu sing ana satengahe segara lan barat sing gedhe dibarengi udan. Rasa bingung lan wedi ning njero atine Prastawa. Bingung kudu kepiye lan wedi mengko yen deweke bakal kepapa-kenapa.
Lawana: “Mas..Mas Prastawa!!!” (namung suara sing alus nanging mantep banget dirungokake ning kuping , nanging wujude ora ana).
Prastawa: “Inggih...inggih..sinten nggih menika, wonten kersa menapa dhumateng kula. Kula nyuwun pangapunten, yen kula ing mriki ganggu panjenengan”, (anggone Prastawa njaluk pangapura marang suara wadon sing ngundang-ngundang Prastawa iku mau).
Lawana: “Ora Mas Prastawa, panjenengan mboten duweni kaluputan. Ora susah panjenegan njaluk pangapura marang aku.”
Dumakan , cahyo kang endah nyulapake mripat njedhul saka njero tirta segara kang nduweni ombak gedhe. Cahyo iku moro menyang cedake Prastawa, lan menehi pitutur marang Prastawa.
Lawana: “Mas Prastawa, kenapa awak mu susah sing kaya mengkunu?”
Prastawa: “Kula, mboten saged urip ingkang makmur Nyai, kula kepingin sanget urip makmur saged damel remen atinipun simbok kang kula sanget katresnani. Nanging, nyatane kula mboten saged kados menapa ingkang kula karepake.”
Lawana: “Sampun Kangmas Prastawa, panjenengan mboten susah makaten. Kula saged pambiyantu panjenengan.”
Prastawa pasuryane dumakan dadi sumringah lan semunu uga atine melu sneng banget , amarga krungu sing di kandakake Lawana.
Prastawa: “Wahh..menapa menika Nyai? Nanging kula dereng tepang kaliyan panjengan. Nuwun sewu, sinten naminipun panjengan menika?”
Lawana: “Pangapunten Mas, panjenengan mboten perlu mangertosi sinten kula menika. Sing becik, kula saged pambiyantu penjenengan.”
Prastawa: “Menapa panjenengan mesti saged pambiyantu kaliyan kula Nyai?”
Lawana: “Percaya marang aku Kangmas Prastawa, nanging wonten saratipun. Panjenengan kudu bisa nyanggupi sarat-sarat sing tak wenehake marang panjenengan.”
Prastawa: “Kula kedah kepripun Nyai? Ampun abot-abot nggih Nyai.”
Lawana: “mboten abot kok Mas, panjenengan namung kedah dados garwanipun sawijining wong wadon sing bakal moro ing ngarsanipun panjengan mangke. Ampun nganti, panjenengan tolak, amarga bahaya sanget yen wong wadon menka wau panjengan tolak. Panjengan mboten saged uri[p makmur lan mulya. Panjengengan kedah janji mboten bakal nolak wong wadon menika Mas, janji....mas....janji mboten nolak...”
Suara lan cahyo iku soyo suwe soyo kabur lan ilang , suarane katon soyo ngadoh lan ora cetha dirungokake. Prastawa bingung lan rasa sing ora kepenak amarga urung rampung deweke bakal takon-takon marang Nyai Lawana sing awujud cahyo lan swara iku.
Prastawa: “Nyai..nyai...ampun lunga rumiyin Nyaiii.....Nyaiii,...!!!”
Prastawa tangi saka anggone turu , deweke sadar iku mau sing wes dilakoni Prastawa  mung ngimpi ing sakjerone turu. Kanti ati kang dredeg lan pengen magerteni ngimpi mau bener opo mung impen sing gawe kembang turu.
Prastawa banjur menyang sumur, deweke njupuk banyu wudhu lan langsung sholat wengi seng di tindakake kanthi kushyuk. Prastawa kalebu uwong kang tunduk marang ngarsanipun Gusti Kang Maha Kuasa. Sregep banget deweke anggone nindakake ibadah, Prastawa sadar menawa sregep ngibadah bisa gawe lancar kabeh anggone makarya lan golek rejeki. Simbok uga saben wektu ngandani Prastawa kudu eling marang Gusti Allah sing ngayomi para kawulane.
Suara manuk pateng cemruit,  Prastawa banjur tangi saka deweke turu. Prastawa langsung menyang dapur karep nggodhok banyu kanggo gawe wedang esuk iki, kaya adate Prastawa sing ngrampungi gawean ngomah karep mbiyantu kanggo Simbok sing nduweni umur ora enom meneh, tenagane Simbok uga uwis ora bisa diandalake.
Simbok: “Prastawa, le tole???” (simbok ngundang Prstawa sing lagi resik-resik teras omah).
Prastawa: “Inggih, wonten menapa Mbok?”(Prastawa banjur nyander Simbok, sing nembe lenggah ing kursi teras omah).
Simbok: “Kapan anggonmu budal njaring iwak le?”
Prastawa: “Sekedap malih Mbok, pripun nggih Mbok?” (pitakone Prastawa sing kanti pengen ngerti apa sing bakal diaturake Simbok).
Simbok: “Mangkene lho le, Simbok iki uwis tuwa, wes wangun yen ngemban putu. Simbok kepingin banget ngemban putu lan kepingin banget nduweni mantu kang bekti marang maratuwane.”
Ing njero atine Prastawa uga kepingin banget sesandhingan karo sawijining bocah wadon sing kaya dikarepake Simbok. Nanging deweke ora mangerti babar pisan, kepiye carane anggone bisa sesandhingan karo uwong wadon lan bisa nduweni kulawarga kang sakinah mawadah warohmah.
Prastawa: “Kula nyuwun pangapunten dhateng Simbok, amargi kula dereng saged dados sing Simbok karepaken. Kula janji yen sampun dugi wektune kula bakal damel Simbok remen lan makmur.”
Simbok: “Amin le, mugo-mugo dikabulake karo Gusti Allah panjalukanmu. Simbok mung bisa dedonga kowe le. Kowe anak ku lanang siji-sijine sing banget tak tresnani.”
Prastawa banjur siap mangkat anggone arep njaring iwak menyang segara. Sadurunge mangkat, Prastawa ora lali pamitan Simbok nyuwun donga pangestu , kanggo kelancaran anggone golek rejeki.
Nalika Prastawa njaringi iwak Prastawa kaget ana iwak sing wujude ora podho kaya iwak liyane. Prastawa penasaran banget, iwak iku mau di selehake wadah liya, karep aja ngasi melu di dol neng pasar.
Sawise saka njaring iwak lan saka pasar, prastawa banjur bali menyang omahe, deweke kepingin banget masak iwak sing mau digowo. Tekan ngomah Prastawa langsung nuju menyang dapur lan nyepakake bumbu-bumbu kanggo masak iwak. Nanging nalika Prastawa arep ngiris-ngiris iwak iku mau, deweke ngrasa ora tegel yen bakal dimasak. Iwak ora sido dimasak malah dijegurake ning toples bening karep iwak iku bakal di ingu.
Prastawa rodo dongkol atine, deweke dina iki durung masak lan panganan ing meja durung cemepak. Deweke khawatir amarga sedelo meneh Simbok bali saka kebon. Prastawa krasa kesel awake banjur deweke mapan turu ing lincak teras omahe.
Dumadakan iwak ing toples njelma dadi wong wadon sing ayu banget kanti pakaian kan gembebyar kaya emas kabeh. Wong wadon iku jenenge Lawan sing pernah teka ing ngimpine Prastawa. Lawana banjur masak sak okehe karep gawe Prastawa seneng lan bisa cukup kanggo mangan Prastawa lan simbok.
Sawise masakan uwis cemepak ing meja, Lawana banjur njelma dadi iwak emas meneh lan mlebu ing toples. Simbok sing saka kebon rasane ngelih banget, magerteni pangan sing uwis cemepak ing meja langsung didhahar tanpa nggugah Prastawa lan takon marang Prastawa.
Sawise Simbok rampung sing dhahar, prastawa digugah Simbok. Prastawa kaget nalika digugah Simbok, deweke langsung kelingan yen deweke durung masak apa-apa nanging simbok uwis bali.
Simbok:”Ana apa to le, kok kaya bingung , pangapurane Simbok yen anggone nggugah kowe gawe kowe kaget.”
Prastawa: “Mboten Mbok, kula wau dereng masak menapa-menapa, nanging kula malah tilem Mbok.”
Simbok:”Durung masak kepiye to le? Wong Simbok bali panganan kang enak-enak uwis cemepak ing meja, Simbok seneng banget. Alhamdulillah, kowe oleh rejeki kang okeh, dadi bisa masak sak okehe kaya mangkunu le. Saiki kowe gek mangan le, kowe ya durung mangan to?”
Prastawa: “Nanging Mbok, kula menika dereng damel dhaharan. Sinten nggih sing masak? Kula mboten rumangsa Mbok.”
Simbok: “Uwis le, ora susah mikir-mikir meneh. Gek kono kowe mangan disek, wes ngelih lho le wetengmu kuwi.”
Kanti rasa penasaran, Prastawa mlayu menyang dapur lan panganan sing akeh lan enak-enak uwis cemepak ana ing meja. Kaget banget Prastawa, tanpa mikir dawa meneh, deweke sing saka esuk mau durung mangan, langsung disrobot.
Sawise mangan Prastawa menyang pinggir segara , kaya biasane deweke ana ning perahu lan dandani jaring sing rusak-rusak kanggo njaring iwak-iwak ing segara. Nanging nalika Prastawa lagi penak-penake dandani jaring iwak, deweke digawe kaget marang wanita sing marani Prastawa.
Lawana: “Mas, mas Prastawa. Kulanuwun mas!”
Prastawa: “Inggih mbak. Lho, panjenengan sinten ? Kok panjenengan mangertosi nami kula?”
Lawana: “Kula tiyang anyar ing desa Pandanwangi kene mas? Kala wingi kula sampun mangertosi panjenengan , lan kula takon marang warga mriki.”
Prastawa; “Makaten nggih mbak, pantes kula mboten mangertosi panjenengan. Nuwun sewu nami panjenengan sinten mbak?”
Lawana: “Nami kula Lawana mas.”
Prastawa: “Wah....nami panjenengan endah sanget, kados tiyange.”
Lawana: “Panjenengan menika lho, kula namung tiyang biasa kados tiyang-tiyang sanes.”
Prastawa: “Kula mboten ngapusi mbak. Panjenengan ayu lan marake ati kula seneng.”
Lawana: “Panjengan menika lho mas, mboten usah ngalem nganti kado makaten sanget Mas. Kula namung wanita biasa kados tiyang sanes menika Mas. Nggih sampun Mas Prastawa, kula menika badhe bidhal rumiyin dhateng warung Mas.”
Pratawa: “Oo, nggih Mbak, sumangga. Kula inggih badhe mbenahi jaring menika. Yen, Mbak Lawana badhe moro dhateng griya kula, panjengan mampir mawon , griya kula namung celak mriku Mbak.”
Lawana: “Inggih Mas. Kapan-kapan kula badhe dolan dhateng ndalem panjenengan.”
Lawana banjur lunga ninggalake Prastawa, amarga Lawan duweni perlu karo sedulure sing omahe ana ing desa sebelah.
Sawijining dina lawana moro menyang omahe Prastawa lan ketemu karo ibune Prastawa. Prastawa sing sejatine duweni rasa tresna marang Lawana sing uwis mantep banget, Prastawa banjur nembung marang ibune yen pengen bebrayan karo Lawana.
Setahun kepungkur, anggone Lawana lan Prastawa bebrayan katon mulya lan tentrem. Prastawa lan Lawana kanugrahan putra , nambah katentreman keluargane Prastawa.
Nanging, Prastawa sawijining dina ngrasa jengkel atine, amarga anggone gegolekan iwak neng segara ora oleh akeh. Saking mangkele Prastawa, deweke muring-muring marang anake sing dina kuwi uga lagi rewel. Prastawa banjur ngucapake pantangan sing diomongake karo Lawana sadurunge deweke bebrayan karo Prastawa.
Prastawa: “Kowe aja gawe muringe bapak le, bapak lagi emosi lan jengkel, golek rezeki ora oleh saka mau esuk. Kowe malah rewel koyo ngunu, bola bali o nek kowe ki mung anak iwak !”
Lawana: “Duh..Gusti! Mas Prastawa, panjenengan menika sampun lali kaliyan janji panjengan , ucapan menika ampun ngantos panjenengan ucapaken, menika bakal gawe bebaya sing ageng dhateng kula lan panjengan Mas.”
Prastawa: “Aduh..iya Dek aku pancen luput. Pangapurane sing gedhe marang aku Dek.”
Lawana: “Ora bisa Mas, aku lan anak ku bakal dadi iwak sing ora bakal bisa bali marang panjenengan. Wes Mas, saniki kula badhe enggal-enggal bidhal dhateng segara. Kula nyuwun pangapunten dhateng panjenengan Mas, yen kula kathah lepat.”
Prastawa: “Lawana, Lawana , aja ninggalake aku Lawana. Sing gedhe pangapuramu Lawana.”

Lawana karo anak e banjur njegur ing segara lan wujude uwis dadi iwak, Prastawa mung bisa nangis lan getun marang kabeh kelakuane sing ora bener mung waton ngucap sak geleme dewe.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar